Pidato Bahasa Jawa Untuk Malam Tasyakuran 17 Agustus 2022, Tema HUT Kemerdekaan RI: Ngengeti Dinten Kamardikan

photo author
- Selasa, 16 Agustus 2022 | 10:23 WIB
Ganjar Pranowo saat menjadi inspektur upacara HUT ke 72 Jateng.
Ganjar Pranowo saat menjadi inspektur upacara HUT ke 72 Jateng.

Kita sedaya selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, mangga kita isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kita sedaya ing antawisipun inggih menika arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintunipun.

Lan kita sedaya sampun sumerap, mbok bilih saben tahun kita tepatipun wulan Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun.

Sedaya niku ngerupekaken kagem ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kita dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kita sedaya lan ugi dumateng sedaya bangsa Indonesia.

Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken
dumateng kita sedaya khususipun lan sedaya bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia.

Baca Juga: 16 Ide Kegiatan Acara Malam Tasyakuran 17 Agustus, Seru dan Antimainstream untuk Rayakan HUT Kemerdekaan RI

Saking niku kemerdekaan menika kedah estu-estu kita sedaya syukuri. Keranten saget kita sedaya raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih
menika artosipun:

"Menawi kita sedaya gelem syukur atas nikmat-nikmat Allah, mongko ditambahi dening Allah. Lan ananging menawi kita niku ingkar nikmat-nikmat Allah, mongko kita bakal angsal adzabipun Allah ingkang langsung Maha Dahsyat."

Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Kita kedah nyumerapi, Allah swt. nyiptakaken menungsa wonten ing dunya niki supaya mados sangu ing kemerdekaan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dumateng kesahenan, merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan.

Mila saking niku, insya Allah kelawan ngelampahi kados niku negari bade langkung cepet nuju ingkang dipun cita-cita-aken dados negari ingkang aman lan tenterem, adil lan makmur sedaya masyarakatipun.

Baca Juga: 31 Caption Lucu Bikin Ngakak Tema HUT RI 17 Agustus, Tinggal Copas Lalu Kirim ke Ayang!

Kados dawuhipun Allah swt. wonten Al Qur'an, serat Al A'raaf, ayat 96, ingkang artosipun:

"Lan lamun penduduk desa utawa negara iku padha iman lan taqwa marang Allah, Allah bakal nurunaken berkah (rezeki) songko langit lan bumi, nanging menawa penduduk desa mahu padha durhaka, ngelakoni lelampahan maksiyat, lan ngelakoni lelampahan-lelampahan doso, Allah bakal nurunaken siksa marang penduduk mahu, kaya mengkono iku keranten lelampahanipun deweke kabeh."

Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Mugiya kita sedaya saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul kalaam.

Wassalaamu'alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuh.

Demikian pidato Bahasa Jawa untuk Malam Tasyakuran 17 Agustus 2022, tema HUT Kemerdekaan RI.

Halaman:
Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel
di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi.

Editor: Wahyu Vitaarum

Sumber: Portal Jember

Tags

Artikel Terkait

Rekomendasi

Terkini

Bank Jateng Fasilitasi Rekening Gaji 3.352 PPPK Pemalang

Minggu, 21 Desember 2025 | 08:05 WIB
X