Baca Juga: Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Cara Bertetangga, Singkat dan Penuh Makna
Artosipun, “Lan padha sanguo sira kabeh, mangka luwih bagus-baguse sangu, iku takwa (wedi) marang Allah. Lan takwa (wedi) ha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang anduweni akal.”
Jamaah Jumat rahimakumullah
Ikhtiar kita kagem ningkataken takwa dhateng Allah ta’ala, saget dilampahi kanthi tansah ngeling-eling, bilih tugas kita ana ing Dunya, mboten sanes kejaba namung kagem ngibadah utawi nyembah dhateng Allah ta’ala. Gusti Allah paring dhawuh ana ing Al-Qur'an:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ
Artosipun, “Ingsun (Allah) ora nyiptaake menungsa lan jin, kajaba supaya padha ngibadah maring Ingsun.” (QS Ad Dzariyat: 56).
Jamaah Jumat rahimakumullah. Para ulama sampun maringi penjelasan babagan ibadah menika, ingkang dipun bagi dados kalih werna, inggih punika ibadah mahdhah lan ibadah ghairu mahdhah.
Ibadah mahdhah inggih punika ibadah ingkang tata carane sampun dipun tetepke lan dirinci saking keterangan ana ing Al-Qur’an saha hadist, kados dene sifat, wekdal, panggenan, lan sanes-sanese.
Cara nglampahi ibadah mahdlah ugi sampun dipun contohaken kalian Rasulullah saw. Contoh ibadah mahdhah punika kados dene shalat, zakat, puasa, lan haji.
Lajeng, wonten ugi ibadah ghairu mahdhah, ingkang tata caranipun mboten dipun tetepke kanthi rinci, kados dene dzikir, dakwah, sedekah, gawe becik marang sepadha, tulung tinulung, lan liya-liyane.
Baca Juga: Honda HR-V vs Toyota Yaris Cross: Mana yang Terbaik? Cek Spesifikasi dan Perbandingannya di Sini
Awit saking keterangan punika, bilih cara lan kesempatan kita ibadah wonten ing Dunyo menika katah sanget. Amal utawi kegiatan kita saget dados kalebet ibadah, menawi ugi kita niatake kanthi sahe. Niat sahe punika dados kunci kita ngawiti lan nglampahi kegiatan saben dina.
Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh:
إِنَّمَا الأَعْمَالُ بِالنِّيَّةِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى