Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga lan sahabatipun, ingkang sedoyo paring tupo tulodo kesaenan lan nuduhaken marang dalan jejek inggih meniko Islam. Saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo ngajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten akhirat. Tentu kito sedoyo kedah nderek dateng perintah.
Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Jawa NU Online Terbaru Mei 2023, Singkat dan Praktis Siap Cetak
Gusti Allah dawuh:
فَٱستَقِم كَمَآ أُمِرتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطغَواْ إِنَّهُ بِمَا تَعمَلُونَ بَصِيرٌ
Artosipun: Mongko tetepo siro marang dalan ingkang bener, kados dene ingkang diperintahake marang siro lan ugi tiyang ingkang sampun taubat sertane siro, lan siro ojok ngeliwati wates. Saktemene Gusti Allah Dzat ingkang mirsani nopo kimawong ingkang siro lampahi. (Hud:112)
Ayat meniko saget dipun pahami bilih kito kedah istiqamah nderek perintah Gusti Allah lan taubat miturut pituduhe Kanjeng Nabi Muhammad. Taubat mboten kedah ngerantosi ngelampahi duso ageng rumiyen, ananging menawi rumaos ngelampahi duso, sinaoso alit, mongko kedah cepet-cepet dipun taubati. Sebab sampun watek manungso meniko sering nggampangaken duso lahir lan batin.
Kanjeng Nabi Muhammad nate mertelaaken perkawis meniko dumateng Sahabat Abdillah bin Mas’ud: sinten kimawon taubat ananging mboten ninggalaken kesombongan lan ageng-agengan, berarti piyambake dereng saget diwastani tiyang ingkang taubat.
Hadirin Ingkang Minulyo
Taubat minongko dados kesempatan ingkang dipun cawisaken dening Gusti Allah marang kawulanipun ingkang sampun ngelampahi keluputan. Ugi dados pepiling kagem kito sedoyo supados luweh parek dumateng Allah. Gusti Allah sampun dawuh:
إِنَّ اللهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ
Artosipun: Saktemene Gusti Allah demen marang tiyang ingkang taubat, lan demen marang tiyang ingkang nyuciaken awake (Al-Baqarah:222).
Khutbah Jumat Bahasa Jawa selengkapnya bisa dicetak melalui laman berikut: https://jatim.nu.or.id/khutbah/khutbah-jumat-bahasa-jawa-taubat-saking-ngelampahi-duso-KpV0n.
Untuk mencetaknya klik icon printer warna merah. Selanjutnya naskah siap dicetak.