2. Contoh Pidato HUT ke-77 RI Bahasa Jawa: Lingkungan RT, RW
Ingkang kinurmatan bapak RT.., RW ....
Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan Kamardhikan Indonesia ingkang kaping pitung dasa enem.
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.
Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Wasana cekap semanten atur kula, bok bilih wonten lepating atur kula nyuwun pangapunten. Mugi tansah rahaya ingkang sami pinanggih kali sing rureda.
Baca Juga: Penjelasan Filosofi Logo HUT RI ke 77, Link Download Ada di Sini Gratis
Mugiyo kita sedaya saged ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan.
Akhiru kalam
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
3. Contoh Pidato HUT ke-77 RI Bahasa Jawa: Lingkungan Desa