Kaping sepindah khotib berwasiat dhateng dhiri kula piyambak lan dhateng kita sami, sumangga kita tansah ningkataken takwa kita dhateng Allah SWT kelawan usaha nglampahaken sadayaning perintah-ipun saha nebihi larangan-larangan-ipun.
Shalawat lan salam sumangga kita aturaken dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad solallahu alaihi wassalam, berserta keluwarga lan sahabatipun.
Mugi-mugi wonten ing dinten kiamat mangke kita lan sedaya keluwarga kita angsal syafa’at saking Rasulallah SAW. Aamiin ya-robbal aalamiin.
Hadirin jemaah jum’at rokhimakumulloh
Baca Juga: Rumus Rata-rata Pada Excel dengan Mudah dan Sederhana
Khutbah dinten punika khotib mendhet judul/tema siap-siap mapak dinten riyadin Idul Adha.
Sasi besar inggih punika sasi ingkang bersejarah sanget kangge umat Islam ingkang lumrah dipunsebat sasi kaji. Amargi ing tanggal 9 ing sasi (Dzulhijjah) kaum muslimin ingkang ngibadah kaji nglampahaken wukuf ing arafah sawentawis ingkang mboten ngibadah kaji nglampahaken siyam sunnah arafah.
Lajeng tanggal 10 ing sasi kasebat umat Islam meringati dinten riyadin Idul Adha utawi kita biasanipun wastani dinten riyadin kurban. Amalan ingkang dipunanjuraken ing sasi besar utawi sasi Dzulhijjah upaminipun:
Sepindah, siyam arafah inggih punika siyam sunnah ingkang dipunlampahaken ing tanggal 09 Dzulhijjah tahun hijriyah kangge umat muslim ingkang mboten nglampahaken ibadah kaji ing makkah.
Baca Juga: PPDB Jawa Tengah 2023 Segera Dibuka, SMA dan SMK Swasta di Jateng Ini Bisa jadi Pilihan Utama
Cara nglampahaken siyam arafah sami kados siyam sunnah sanesipun. Saking Abu Qotadah, piyambakipun dawuh bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ
“Pasa arofah (9 Dzulhijjah) iso nggusep (menghapus) dosa setahun kapungkur lan setahun mengarep. Pasa asyuro (10 Muharrahm) bakal nggusep (menghapus) dosa satahun kapungkur.” (HR. Muslim No. 1162)
Amalan ingkang kaping kalih inggih punika berqurban. Dinten Idul Adha utawi sering kita wastani dinten riyadin qurban, amargi ing tanggal 10 Dzulhijjah kasebat, umat Islam usaha nyisihaken sebagian bandanipun kangge tumbas kewan korban.
Baca Juga: Lebaran Idul Adha 2023 Sudah Didepan Mata, Ini Waktu Terbaik Menyembelih Hewan Kurban