Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa dengan Tema Meningkatkan Ibadah di Bulan Dzulhijjah

photo author
- Kamis, 22 Juni 2023 | 16:30 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa bulan Dzulhijjah, praktis siap cetak (pixabay.com)
Khutbah Jumat Bahasa Jawa bulan Dzulhijjah, praktis siap cetak (pixabay.com)

Baca Juga: CEK Jadwal Puasa Sunnah Dzulhijjah, Tarwiyah dan Arafah jelang Idul Adha 2023, Jangan Sampai Dilewatkan

Hadirin ingkang minulyo

Kedah kito mangertosi bilih kito sampun melebet wulan Dzulhijjah ingkang sampun mashur keutamaane. Pramilo kesaenan kedah dipun tingkataken, kranten semangat nguripi lan njungkung ibadah ngantos sedoso Dzulhijjah meniko saget dados bukti kito taqarrub marang Gusti Allah.

​​​​​​​Wonten kawitane wulan Dzulhijjah sakmangke, monggo kito ginaaken kanti nindaaken amal ibadah lan amal kesaenan. Monggo kito dandosi amal kito, ingkang asale awon dipun owahi kanti amal ingkang luweh sae. Gusti Allah dawuh:

وَأَقِمِ الصَّلَاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِنَ اللَّيْلِ ۚ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ۚ ذَٰلِكَ ذِكْرَىٰ لِلذَّاكِرِينَ

​​​​​​​Artosipun: Lan sholato ingdalem pucuk lorone rahino (subuh ngantos maghrib) lan bagian awale wengi (isya’). Saktemene tindak lampah sae iku ngilangno tindak lampah awon (duso). Meniko pepiling kanggo wong kang iling (Hud, 114).

Baca Juga: 3 Puasa yang Disunnahkan sebelum Hari Raya Idul Adha, Muslim Wajib Tahu

Hadirin ingkang Dipun Rahmati Allah

Saking pepertelan meniko, amalan nopo mawon ingkang dipun lampahi? Wonten setunggale hadis dipun sebataken:

عن ابْنِ عُمَرَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَا مِنْ أَيَّامٍ أَعْظَمُ عِنْدَ اللَّهِ وَلَا أَحَبُّ إِلَيْهِ الْعَمَلُ فِيهِنَّ مِنْ هَذِهِ الْأَيَّامِ الْعَشْرِ فَأَكْثِرُوا فِيهِنَّ مِنْ التَّهْلِيلِ وَالتَّكْبِيرِ وَالتَّحْمِيدِ

​​​​​​​Artosipun: Dipun riwayataken saking Ibnu Umar, saking Rasulullah ingkang ndawuhaken: ora ono dino ingkang luweh mulyo mungguhe Gusti Allah lan amalan ingkang luweh dipun remeni tenimbang iki sepuluh dino (Dzulhijjah), mongko ngakehno siro kabeh moco tahlil, takbir lan tahmid (HR. Tabrani).

Hadis meniko paring pangertosan bilih sedoso dinten ing kawitane wulan Dzulhijjah niku nggadahi keutamaan lan dipun remeni kaliyan Gusti Allah, sehinggo dipun anjuraken ngatahaken maos tahlil arupi La ilaha illa Allah, takbir arupi Allahu Akbar, lan tahmid arupi Alhamdulillah.

Baca Juga: 20 Ucapan Idul Adha 2023 Bahasa Inggris Lengkap dengan Artinya, Biar Hari Raya Kurban Makin Meriah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa selengkapnya bisa dicetak melalui laman NU Online Jatim di https://jatim.nu.or.id.

Demikian contoh naskah khutbah Jumat Bahasa Jawa, dikutip dari NU Online Jatim. Semoga bermanfaat.

Halaman:
Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel
di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi.

Editor: Arman

Tags

Artikel Terkait

Rekomendasi

Terkini

Bank Jateng Fasilitasi Rekening Gaji 3.352 PPPK Pemalang

Minggu, 21 Desember 2025 | 08:05 WIB
X