Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa, Singkat dan Penuh Pesan Moral Tentang Kisah Nabi Ibrahim

photo author
- Rabu, 28 Juni 2023 | 16:35 WIB
Ilustrasi - Naskah Khutbah Idul Adha 2023/1444 H dalam Bahasa Jawa (Pexels)
Ilustrasi - Naskah Khutbah Idul Adha 2023/1444 H dalam Bahasa Jawa (Pexels)

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten Kiamat. Ugi, saking Kanjeng Nabi Muhammad kito sedoyo saget mangertosi carane ngelampahi amal ibadah lan kesaenan, sehinggo kito sedoyo saget selamet dunyo akherat.

Dinten sakmeniko, dinten riyadin kurban ingkang dipundut saking tindak lampahe Nabi Ibrahim naliko diuji kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:

وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ

Baca Juga: 15 Ucapan Selamat Hari Raya Idul Adha 2023 untuk Perusahaan, Pakai Bahasa Formal dan Sopan

Artosipun: Lan nalikane Gusti Allah nyubo (nguji) Nabi Ibrahim kelawan pirang-pirang kalimat (perintah lan larangan), mongko Nabi Ibrahim nindakaken kanti sempurno. Gusti Allah dawuh, saktemene ingsun bakal ndadekno siro dadi pemimpin menungso. Nabi Ibrahim matur, lan saking tedak turun kulo. Gusti Allah dawuh: janji ingsun ora bakal mekenani (ngenani) wong-wong dzolim. (Al-Baqarah, 124).

Ayat meniko dipun pertelaaken ing tafsir Ibn Katsir lan tafsir Jalalain bilih maknane “kalimatin” meniko “aturane agomo” ingkang ngeliputi babakan perintah lan larangan. Tegese Nabi Ibrahim diuji Gusti Allah supados ninda’aken sedoyo perintah lan nebihi laranganipun. Salah setunggale perintah ingkang kedah dipun laksanaaken nggih meniko mbeleh Nabi Ismail, putrane piyambak.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

Hadirin Ingkang Minulyo

Perintah mbeleh putrane piyambak niki dados ujian sabar kagem Nabi Ibrahim. Padahal Nabi Ibrahim dangu ngajeng-ngajeng sanget nggadah putro ingkang ngewarisi perjuangane. Nabi Ibrahim ngantos ndungo:

Baca Juga: Apa Itu Hari Tasyrik? Simak Pengertian dan Amalan yang Dianjurkan

رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ

Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun panjenengan paringi kulo kalebet saking golongane tiyang shalih. Mongko ingsun (Allah) paring bebungah ing Nabi Ibrahim kelawan nggadah putro ingkang jembar dodone (sabar).

Wonten tafsir Baghowi “hab liy minas sholihin” dipun tafsiri:

يَعْنِي هَبْ لِي وَلَدًا صَالِحًا مِنَ الصَّالِحِينَ

​​​​​​​Artosipun: kulo nyuwun panjenengan paringi putro ingkang shalih saking golongane tiyang-tiyang shalih.

Halaman:
Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel
di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi.

Editor: Arman

Tags

Artikel Terkait

Rekomendasi

Terkini

Bank Jateng Fasilitasi Rekening Gaji 3.352 PPPK Pemalang

Minggu, 21 Desember 2025 | 08:05 WIB
X