Kito sedoyo meniko salah setunggalipun mahluk gesang ciptaanipun Alloh engkang cenderung soho remen gesang berkelompok. Wonten ing dunia hayawan soho tumbuhan, kelompok meniko dipun sebat koloni. Wonten ing dunia manungso, kelompok meniko dipun sebat masyarakat. Dalam hidup bermasyarakat, kito mesti bersinggungan soho berhubungan kaliyan tonggo tepalih.
Tonggo utawi tanggi menikolah tiyang engkang langkung rumiyen mangertosi kawontenan kito sedoyo. Milai saking kowentenan kita pas nembe bingah utawi sisa, pas longgar utawi rupek, pas sehat utawi sakit. Kito mesti bade bersinggungan lan mbetahaken tanggi.
Baca Juga: Selain Bismika Allahumm Ahya Wa Amut, Baca Doa Ini Sebelum Tidur Agar Dilindungi dari Gangguan Jin
Pramilo islam ngatur hak-hakipun tetanggi. Alloh swt wonten Al-Qur’an dawuh:
وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْۢبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ۞ (النساء ٣٦)
Wonten ing ayat meniko, kito dipun printahaken supados nyembah dumateng Alloh lan mboten mensekutukan Alloh. Lajeng dipun printah mbagusi dateng tiyang sepuh kaleh, termasuk ugi dipun printahaken mbagusi dateng tanggi-tanggi kito.
Lafadz وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى (tanggi engkang caket) wonten ing ayat meniko maksud ipun tanggi engkang taksih wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahdi soho Imam Adz-Dzohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi engkang caket meniko tanggi engkang muslim.
Baca Juga: Begini Cara Berkendara Tanpa Ikut Menyumbang Polusi Udara yang Sudah Mengkhawatirkan
Wondene lafadz وَالْجَارِ الْجُنُبِ (tanggi engkang tebih) wonten ing ayat meniko maksud ipun tanggi engkang mboten wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahdi soho Imam Adz-Dzohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi engkang tebih meniko tanggi engkang mboten seakidah kaliyan kito. (Tafsir Ibnu Katsir)
Ma’asyirol muslimin, hafidzokumulloh
Saking pentengipun njagi hak-hakipun soho berbuat baik kaliyan tonggo, malaikat Jibril as wongsal-wangsul ngemutaken Rosululloh saw. supados njagi hak-hakipun lan berbuat baik dateng tanggi. Ngantos Rosululloh saw berprasangka bilih tanggi meniko saget saling mewarisi harta kekayaanipun.
مَازَالَ جِبْرِيْلُ يُوْصِيْنِى بِالْجَارِ حَتَّى ظَنَنْتُ اَنَّهُ سَيُوَرِّثُهُ (متفق عليه)
“Terus-menerus Jibril as pesen supoyo mbagusi tonggo, hingga aku nyongko yen tonggo iku iso saling mewarisis bondone”.
Download Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF